PROSES BUDAYA

Posted by tjipto_ning Senin, 14 Januari 2013 0 komentar
Budaya secara harfiah berasal dari Bahasa Latin yaitu Colere yang memiliki arti mengerjakan tanah, mengolah, memelihara ladang (menurutSoerjanto Poespowardojo 1993).
Menurut The American Herritage Dictionary mengartikan kebudayaan adalah sebagai suatu keseluruhan dari pola perilaku yang dikirimkan melalui kehidupan sosial, seniagama, kelembagaan, dan semua hasil kerja dan pemikiran manusia dari suatu kelompok manusia.
Menurut Koentjaraningrat budaya adalah keseluruhan sistem gagasan tindakan dan hasil karya manusia dalam rangka kehidupan masyarakat yang dijadikan miliki diri manusia dengan cara belajar.
     Kanthi lelandesan ukara ing duwur isa di jukuk dudutan,menawa budaya kui "Apa wae sing sing lairake saka akal karsa cipta lan karya ne manungsa sing duweni karep kanggo menehi tenger lan ndadekake luwih sempurna (baca:lebih baik) ana ing panguripane bareng klawan golongan sosial e.
 lha saiki ayo di oncek i kepiye proses budaya kui mau ngglinding ana sendi sendi kehidupan ne manungsa, Akeh sing kerep omong,
 dasar ora berbudaya,..
Ayo kita jaga budaya
budayane wis ora asli....lsp
          Ing kene sing bakal tak gawe tuladha ing urut-urutane awak e dewe urip ana alam dunya sing kebeneran di lairake ana tanah jawa sing mestine uga nganggo adat lan budaya jawa,Diwiwiti manungsa ana kandutan ,telung sasi di teloni (slametan) mengku karep kanthi lantaran slametran,sodakoh duweni panyuwun (baca: doa) muga si jabang bayi ,sehat,laire mbesuk gangsar ora ana alangan. lha kena apa kok ora di dongani tok ae..wong karep e padha njaluk slamet karo sing gawe urip, lha yo kui sing di arani proses budaya .dongo lan sodakoh neng carane sing di kemas kanthi budaya ,ngundang tangga teparo sak perlu dahar bareng,kanggo nelakake rasa syukure marang pengeran gene wis di paringi anak,lan uga njaluk pandongga marang sing padha di undang ,nek di maknani luwih jeru ,sambung e karo sing gawe urip lantaran donga lha sambunge karo manungsa ,tangga teparo uga di jaga ....lan sak teruse nganti tekan wancine bayi lahir.lan esih. akeh proses budaya sing di lakoni bebrayan jawa.
        Uga ing proses wong sing wis ngancik dewasa ,wis seneng marang wong liya jenis,  kepiye rasane wong sing lagi nandang tresna, kanggo sing bocah wadon e, wiwitane wung winates seneng nyawang wong lanang ,malih dadi tenrem,ayem nek isa lungguh bareng,ana rasa bungah,marem,deg deg an ...arep ngomong seneng ,ah aku ki cah wedok masak kudu omong disik ora umum, ra pantes, lha neng kene proses budaya wis lekas, "ah tak nunggu ae..karo nguji apa ya dek e ya seneng karo aku" sak teruse sikap e dadi alus,omong e dadi kalem, wajah e dadi sumringgah,omong sak ngomong ati2 aja nganti gawe gelane wong sing di tresnani nek sing ora berbudaya apa isa kaya ngene.....
       Nek di delok teka  sudut sing pihak wong lanang e (cowok) apa ra luwih njlimet meneh, " Kawitan arep ngomong seneng (baca :nembak )nek bahasane bocah saiki ,"engko gek di tolak,trus supaya ora ngetarani, tak luwih ngenal deweke disik ae (baca :pede kate)...kok ora langsung  tembak ae ,ya merga ana proses budaya neng kene....gawe basa sing alus,puitis,gawa kembang, di jak menyang papan sing romantis, di cepakno lilin sakpirang pirang di wangun gambar ati ,disikep mripate si bocah wedok ,di buka pas teka papan sing wis di siapna, sing cewek e.."wow.....yo gene aku kok jak ana panggen sing Endah kaya ngene?
crita teruse panjenengan wis pirsa..kaya neng crita-crita film kae .
menawa ana sing dawuh
" kui rak crita film neng kehidupan nyata rak ora padha ? Film rak di tulis wong dudu kucing,tegese crita film uga di jukuk  teka kedadean nyata sak ben dina (walaupun kadang-kadang banyak banyak yang lebay juga sih) Proses budaya kui ora mandek ana kono wae, proses tunangan,lamaran,dadi manten trus acara mantenane dewe sarat karo proses budaya, YO kuwi indah e....yo ing proses budaya mau wong isa ber interaksi karo bebrayan sing sak bener e.
 "Kakean rengkeg nikahan ngene iki,sik enek temu manten,pidato,serah-serah an....kuna ketinggalan jaman ,ra praktis,ribet.".......lha kangge sing nduwe paham kaya ngene ya ra salah,
 numpak becak ae rasah macak,ra sah dandan manten loro nyang KUA ijab kabul neng kono, tetangga ra ,rasang undang undangan ,ra repot,ra akeh ragat e....
.Ing pentup Budaya kui di gawe nbungkus kegiatan saben dina supaya pantes,indah, humanis,  ana ta kedadean Rumah tangga sing sukses secara finansial ,salah sijine pasangan sambat nek pasangane ra romantis
"Ulang tahun umure kurang kok di meriahno?....apa ra gela pasangan e..ketok nek ora care karo dina lair pasangane ,yo ngerti ULTAH kui sudo  umure (artinya jatah umur telah di lalui,tinggal yg tersisa) ning yo ra kudu kaya ngono supaya.proses budaya mau ana ,ngemong rasa...Ing penutup iki ana cuplikan guyonan Ibu2
           Ibu 1 : " Nek perara duit aku ra tau kekurangan wong bapak e bocah -bocah gajine di bruk na aku kabeh aku sing ngatur,...ning emane ra romantis blas...."Pah ,tulung,benikno klambiku dilut ae?...Ra isa nbenik ne ra usah di gae...... Po ra jengkel
         Ibu 2:" Kuwi sih mending bu,..lha Bapak e arek-arek,..wis duiite ra tau di wehne aku, romantis e yo blas.......
            
                  Nyuwun duko nek ana bab-bab sing memper kedadeane ora duwe karep njarag,ning kabeh perumpamaan mau rak yo di jukuk teka kedadean saben dina
    
TERIMA KASIH ATAS KUNJUNGAN SAUDARA
Judul: PROSES BUDAYA
Ditulis oleh tjipto_ning
Rating Blog 5 dari 5
Semoga artikel ini bermanfaat bagi saudara. Jika ingin mengutip, baik itu sebagian atau keseluruhan dari isi artikel ini harap menyertakan link dofollow ke http://tjipto-ning.blogspot.com/2013/01/proses-budaya.html. Terima kasih sudah singgah membaca artikel ini.
Trik SEO Terbaru support Online Shop Baju Wanita - Original design by Bamz | Copyright of Tjipto_ning.