Wong jawa ilang jawane

Posted by tjipto_ning Minggu, 05 Februari 2012 0 komentar
Nguda rasa
Sing bakal tak gawe bahan ing nguda rasa ing tulisan iki,yaiku bab kanyatan saiki, ing tengah -tengahing bebrayan akeh para sedulur sing luwih seneng/mongkog yen ing pecatlon /komunikasi  saben dina nggunak ake bahasa indonesia ,malah
ana sing mung merga supaya di arani intelek lan terpelajar.

Dudutan kaya ngono mau ora tanpa alasan.jer wong tuwa dewe wiwit saka bayi wis ora migunak ake bahasa ibu, kok bahasa ibu.iya sejatine pandumuk yen salah sawijine sebab  luntur e rasa nasionallisme..lan tercabut saka akar budaya ya sebab kita wis ora nggunak ake bahasa ibu..ing komuniksi sajerojing keluarga.Ora kudu bisa krama inggil sing alus kaya ing solo,ning sawetara cukup nganggo kroma ngoko wae wis apik,kayata ukara ukara sing asring kangge inggih ,mboten,kundur,sare,tindak,dahar, lsp....Umpama....."bapak mau tindak endi ta bu kok urung kondur?..........si ibu jawab......".Dawuh nyang ibu iki mau rapat.:."...lsp. Lha anak ya ngono uga.....ukara kayata .inggih mboten,sampun.........ora kok kita arep mbalik marang gaya feodal ning apa ra malah tiba kosokbalen..ing kene sifal egaliter malah saya krasa,sing enom ngajeni marang sing tuwa,sing tuwa nyayangi sing enom.....mbalik yen keluarga isa ngecakna bsa jawa ing saben dina......paling ora kita wis isa duwe filter utawa malah isa di arani rem anak marang wong tuwa supaya ora nglanggar kesopanan.....lah piye nek karo wong tuwane....isa ketrucut......."bapak ki turu ae....mangano disik pak"....umpamane..lak kojur to.

Menawa njenengan para maos..sumelang ...nek anak ku neng omah nganggo basa jawa,engko gek ora isa gawe basa indonesia...sampun kuatir....tanpa kita ajari..tv,lan sekolah formal sampun ngajari.Dados bebrayan jawa ora nglarang,isa bhs inggris,arab,mandarin,jepang,ning aja lali bahasane dw.ora kudu jawa,sing sunda ya isa bhs sunda ,sing dura ya bhs dura,lsp.....
Gandeng penulis pancen lair ing jawa,,ya basa jawa sing tak angkat....dadi universal....bahasa ibu iku bahasa ing endi,,bayi di lairake lan wong tuane nggawe bahasa apa.Semono disik sing isa ndak atur ake ing kene.....menawa ana panyaruwe  sing sifate membangun.....tak tunggu komentare
TERIMA KASIH ATAS KUNJUNGAN SAUDARA
Judul: Wong jawa ilang jawane
Ditulis oleh tjipto_ning
Rating Blog 5 dari 5
Semoga artikel ini bermanfaat bagi saudara. Jika ingin mengutip, baik itu sebagian atau keseluruhan dari isi artikel ini harap menyertakan link dofollow ke http://tjipto-ning.blogspot.com/2012/02/wong-jawa-ilang-jawane.html. Terima kasih sudah singgah membaca artikel ini.
Trik SEO Terbaru support Online Shop Baju Wanita - Original design by Bamz | Copyright of Tjipto_ning.