SITER OH SITER

Posted by tjipto_ning Rabu, 12 September 2012 0 komentar


Mobil  sedan mewah gambar jaran ngadeg..sing ana tulisane ferari kuwi..tleser-tleser metu saka Gedung anggota dewan,sanajan oleh jatah mobil dinas nanging Bisma luwih seneng nganggo ferari sanajan dudu keluaran terbaru,mobil dinase di balek ne embuh golek sensasasi apa pancen kegolong anggota dewan sing mbeneh ora gelem nggawe fasilitase negara,

wong nyatane wong tuane e juragan barang antik pabrike sak enggon-enggon. nalika sawijine dina di wawancarai wartawan “Anda mengembalikan mobil dinas,tapi anda memakai ferari yang masih juga tergolong mewah ,apa malah tidak melukai hati rakyat sementara kondisi bangsa lagi mengadakan gerakan penghematan,kanthi Sareh lan sabar Bizma jawab ”Mohon di catat saya memakai mobil ini ,jauh sebelum jadi anggota dewan,dan bahan bakar yang saya pake bukan yang bersubsidi,ini juga gerakan yg harusnya di ikuti oleh orang orang yang sudah mampu membeli mobil mewah ya jangan pake bbm bersubsidi dong……Ngono jawab an diplomatise  Bizma ….maklum anggota dewan sanajan durung suwe njabat,nanging wis puluhan tahun aktif  ing jagad te  Hukum minangka pengacara

            Ana pemandangan sing menjila teko arah ngetan teko regole gedung anggota dewan,sejatine isih kegolong adoh karo pintu gerbang anggota dewan,ewa semana tukang siter sing umure wis kliwat 75 tahun an lan,sajake kena penyakit watuk  sing wis kronis ketitik awake sing wis kuru lan watuke sing kala-kala- kemekelen ,kerep nganggu anggone nbarang siter ,sebab kejaba main siter uga di selingi tembang-tembang jawa sing isa di enggo ngamen ,kanggo jagak e urip ,wong nyatane Pak dhe Krama urip ijen ana jogja ,manggen ana gandok, utawa kamar empok an ukuran 3X4 kagungane juragan bathik .kuwi kerep di oprak oprak  sekuriti pengamanan gedung supaya aja cedak-cedak karo lokasi Gedung dewan,bali marang Bizma sing kandeg lakune merga ana wong nggrumbul naggap Pak Dhe Krama anggone nyiter….gendinge..pamitan karangane pak Gesang,sejatine meh kabeh tembang jawa Pak Krama isa nembangke..ning embuh wis pirang ndina iki senengane nembang lagu  … pamitan .

       Sak wise wong-wong padha ngalih Bizma nyedaki tukang siter sing isih iwut nata duit recehan  asile nbarang…”

“Aku njaluk Bengawan sore ”  lagu bengawan sore jalukane Bizma di tembangna .karo nglaras manthuk-manthuk .

“kula tambahi setunggal lagu pamitan saking Gesang nggih mas “

“Ngapa kudu lagu pamitan ? mboten napa-napa tembange sekeca mas”……iya kena .sak wise tembang e rampung Bisma lagi wani takon

“sedina isa oleh pira nggonmu nbarang ngene ikie? Pitakone Bisma

Sinambi isih tetep iwut nata duit Pak Dhe Krama Ndangak karao muni” nggih nboten mesti,nek dong  rejeki kathah isa angsal  kawan dasa gangsal ,ngantos seket lima,nek dong sepi beto yatra kalih dasa mawon bejo. 

“Kosik njur siter kie sing yasa sapa.  “ nggih kula dewe sing ndamel.semaure tukang siter meh ora keprungu kesaru suarane kendaraan sing slira sliri ana ndalan gede

“Ngene umpama siter iki tak tuku piye ,wong kowe ya isa nggawe dewe.sak yuta setengah,

“Ah npun guyon mas ,wong siter elik kya ngeten,kayune nggih pun kawak aktik mboten plituran,lha senare niki nggih mung dugi kawat rem pit ontel……

“ra apa-apa ya malah ngene ikie sing tak goleki …………..kandane Bisma…oiya Bizma duwe kebiasaan ngoleksi barang –barang antic,neng omahe sing bawera model  jogloan  kebak barang –barang antic,ora angel golek barang barang antic neng kutha  gudeg  jogja sing pancen dadi punjere kebudayaan jawa

Piye tak bayar saiki…..Bixma miterang meneh,,,,

Pripun ,,,nggeh…kayune……….”wis nek perkara kayu aku ana malah kayu jati ,sesuk parto  supirku ben ngeterke mrene

Wah malah  awrat mas nek kajeng jati ,di ewer” nboten penak keju napa malih kula pun tuwa ngeten niki…muni ngono karo cekreh” watuke metu…….  “ Nek kajeng waru ,napa dadap niku sae mas…..

Yo wis tak bayar kayune dadap  ben di  terne parto sesuk esuk, sak urunge aq ngantor .

EEEEeeeeeee. Uhuk.uhuk…..dos pundi nggih….?suarane tukang siter …semu klejingan….Apa meneh bizma jwab ora srantan.

“sak derange siter dados ,ateges kula mboten isa  mbarang ,ateges kula mboten entuk duit damel brobat teng, puskesmas…..,mangka sepasar pindah kula kudu kontrol….

“Lha duit sing teko aku rak isa nggo  tuku  obat  kepara  turah  to ya” wis ngene ae tak imbuhi limang atus dadi rong  yuta sisane isa nggo golek tamba …ikie duite…..karo ngelungno atusan ewon rong puluh lembar.isih anyar-anyar………

“matur nuwun mas nggih……mugi” pereode ngajeng saget dipun pilih malih……

Kok ngerti nek aq anggota dewan? Mboten, kula di sanjangi  tiyang sing wande ses….ngajeng nika…..

“Iya kowe yo tak dongakne ndang waras,ndang isa nbarang meneh,,,,lha watuk ngonu  kok isih udut ae….

“mboten nggih awis-awis.mas…….”

Yaw is andung slamet…sitere tak gowo ya…………

Siter wangun kayu waru,sing ora diplitur. Sing kange sebagian wong jian barang ra mbejaji sido ngletak ana jog mobil sing mewah kuwi,di gowo mulih Bizma menyang  omahe  sing magrong magrong..ing plataran ana wit sawo kecik ,sing marahi dadi edum eyup…..lan asri

Lagi rong dina Santi bojone Bizma weruh lek tuku siter,nganti sawijine sore ana ruang baca bojone takon.

   “Njenengan mundut siter neng endi,Santi sengaja ora ngomentari barang sing mentas di tuku sing lanang,dek e ewis apal lageyane sing lanang,ora mung neng Gedung Dewan ,sanajan ana ngomah apa-apa sing di lakoni mesti wis ana alesane sing gumathok lan Bizma mesti wis nyepak e jawaban sing diplomatis,ning dudu Santhi sing mantan”Ratu”aktivis kampus nek ora isa minta klarifikasi marang bojone…..wong nyatane biyen Bizma sing kasil ngobrak abrik atine lan kasil ndudut perhatiane ketemune ana forum kegiatan kampus sing terkenal vokal merjuangake  hak hak e kaum mahasiswa sing minoritas.

“ Neng ngarep Kantor”..jawab e Bizma cekak………Ngapa?

“Kantor Dewan,sing duwe wong tuwa ,watuke ngikil…..kosik to mama kok weruh…….Bizma motong omonge sing wedok.

“Teneh ra weruh piye wong biyen sering ngamen ana ngarep kampusku……kaet jaman aku kuliah biyen

“Njenengan kie piye to paa ,kok isa siter e…Pak Dhe Krama di tuku kie….kuwi rak siter nggo golek duwit …….

“Iya ning wonge rak isa nggawe meneh,tur si parto wingi wes ngeterke kayu sing nggo ijol nggawene .

“Coba ta di galih,siter kuwi ora mung sekedar alat nggo golek duit, ning uga kanggo nunjuk ne exsistensine ing dunia seni ne Pak Dhe Krama dewe, kejoba pancen dewek e wis ra isa nbudi daya liya lan meneh wong setua Pak Dhe kae nek kon nggawe siter meneh ,ketambahan penyakite sing wis kaya ngana kae…..siter kae siter panguripan Pah…

“Pah…..nek wonge isa nyambut gae liya,wis kaet wingi wingi ora nbarang nganggo siter tuwane,lan meneh Pak Dhe Krama kae kena di arani wong sing urip ing pinggir jaman,sing daya SURVIVAL e  wis tipis di pangan umur lan zaman,  apa mentala njenengan ngeculke wong se tua Tukang siter kae marang kancah kehidupan masyarakat sing wis luntur rasa peduline marang wong sa kiwa tengene.

    “Njegreg…kaya tugu monas….Kaya di dodog nganggo palau sewu dadane Bizma Senadyan anggota dewan Bisma cukup Demokratis ana keluargane..biasane mung meneng wae nek argumen e bojone bener…..

“Sesuk di golek I omahe ……….

      Kanthi petunjuk e parto supire akhire Bizma sak bojone sisan nggoleki omahe Tukang siter tua kuwi ,lan nyatane wonge ora ana ateges ora ketemu .

“sesuk meneh di golek i…saiki aya bali

Dina ne lumaku rikat banget merga sibuk e minangka anggota dewan lan Santi dewe minangka dosen ya ora kurang sibuk karo urusane dewe.seminggu,nganti setengah wulan wis kliwat lagi santi eling

“Lho pah……Tukang siter……..

Ora srantan tanpa di supiri Parto Bisma budal dewe karo bojone menyang kontrak ane tukang siter iku….

Sak wis e clingak clinguk sing di goleki ora ketemu ana wong sing mangen ana pernah ngarep e pondok e Pak Dhe Krama …takon…

“ Madosi sinten mas e……..

“Ngapunten Pak Dhe Krama ,tukang nBarang siter…napa kesah nggih…

“Sampean sederek e napa napane…….

“Nggih kula sederek e tebih”        jawabe Santi sak kenane

“Lha napa dereng mireng,”       Tiyange pun Pancal dunya

“ inalilahi wa ina lihahi rojiun .meh bareng tanpa di komando Bizma lan bojone Ngowoh….

“Sekedap ,kalih minggu kepungkur rak taksih mbarang onten ngajeng kantor kula

Enggih…..sak empune niku sakite saya awrat…..mutah getih….lajeng kalih tangga teparo di beto teng griya sakit….nyatane mboten nututi onten griya sakit saya  dinten kondisine mboten mendha malah saya nemen …lan  wonten ing dinten ke 10 ….piyambak e pancal donya

“lan sing mboten kula ngertosi malih sak derenge pejah nitip pesen kalih ngelungne yatra

   Kula sanjang piyambak e " Ragad mu rumah sakit wis di tanggung Den Mase Marto,anak e sing omahe kok nunuti .”Mripate kaca-kaca aturno den mase Marto…matur nuwun sing akeh…..

“Dek  Dipo  aku meling sak durunge aku pamit,iki ana duit rong yuta teko anggonku adol siter, sing limang atus wenehno wong sing isa nggawe siter lan gelem nguri uri budaya ne dewe .lan sih sak juta setengah…merga aku sak suene ikie wis ngrepoti wong sak lingkungan kene……aku krunggu arepe ndandani wangan dalan banyu…..iki sumbangna ra sah takon ngapa, iki  tampanana.

Sak empune niku ambegkane saya angel wekasane tilar ndonya………..

“Kaya di samber Bledeg…………Bizma kaya di lolosi otot balunge……..Lamat –lamat kaya keprungu swara tembange tukang siter nembang  pamitan karyane Pak Gesang





TERIMA KASIH ATAS KUNJUNGAN SAUDARA
Judul: SITER OH SITER
Ditulis oleh tjipto_ning
Rating Blog 5 dari 5
Semoga artikel ini bermanfaat bagi saudara. Jika ingin mengutip, baik itu sebagian atau keseluruhan dari isi artikel ini harap menyertakan link dofollow ke http://tjipto-ning.blogspot.com/2012/09/siter-oh-siter.html. Terima kasih sudah singgah membaca artikel ini.
Trik SEO Terbaru support Online Shop Baju Wanita - Original design by Bamz | Copyright of Tjipto_ning.